Minggu, 25 Januari 2015

ATER-ATER TRIPURUSA



Ater-ater yaiku tambahan kang ana ing ngarepe tembung. Ater-ater tripurusa kudu digandheng karo tembung lingga (tembung kang durung owah saka asale).
Ater-ater tripurusa jumlahe ana 3 yaiku:
1.    dak yaiku Ater-ater tripurusa kanggo nuduhake kang dimaksud yaiku wong kang pertama (awake dhewe).
Tuladha : buku iku mengko dakgawa dhewe
            Dakgawa kedadeyan saka dak + gawa
2.    kok yaiku Ater-ater tripurusa kanggo nuduhake kang dimaksud yaiku wong kang kapindo (2) (wong kang diajak ngomong).
Tuladha : buku crita iki wis nate kokwaca apa durung?
           Kokwaca kedadeyan saka kok + waca
3.    di yaiku Ater-ater tripurusa kanggo nuduhake kang dimaksud yaiku wong kang katelu/3 (wong kang diomongake)
tuladha : kowe aja gelem diajak maling Arif.
  diajak kedadeyan saka di + ajak

Tidak ada komentar:

Posting Komentar