Tembung rangkep (kata
ulang) yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakabehing
tembung utawa mung sawanda (sakecap) bae. Tembung rangkep ana telung warna,
yaiku :
1.
Tembung Dwilingga
Tembung Dwilingga yaiku
tembung kang diwaca kaping pindho kabeh linggane. Tembung Dwilingga kapareng
dadi loro yaiku Dwilingga Wantah lan Dwilingga salin swara.
- Dwilingga wantah yaiku dwilingga kang dumadhine sarana karangkep tembunge tanpa owah-owahan. Tuladha :
·
Guru-guru : Guru-guru padha ngajar ing kelas.
·
Bocah-bocah : Bocah-bocah padha dolanan neng lapangan.
·
Ibu-ibu : Lomba masak diikuti deneng ibu-ibu.
- Dwilingga salin swara yaiku dwilingga kang dumadhine sarana ngowahi tembunge sing ngarep, mburi, utawa loro pisan. Tuladha :
·
Mloka-mlaku : Neng pante kartini akeh wong padha mloka-mlaku.
·
Gonjang-ganjing : Nalika ana lindu bumine gonjang-ganjing.
·
Mrana-mrene : Wong iku mrana-mrene nggoleki barange sing ilang.
2.
Tembung dwipurwane
Tembung Dwipurwa yaiku tembung lingga utawa andhahan kang
karangkep purwane (wanda sing ngarep). Tuladha :
·
lara
- lalara - lelara
: Ing wayah udan akeh bocah
padha kena
lelara.
·
tuku
- tutuku - tetuku : Pasar iku panggonan tetuku
barang-
barang kaperluan sadina-dina
·
tulung
- tutulung - tetulung
: Dadi warga masyarakat
kudu padha
tetulung karo tanggane.
3.
Tembung Dwiwasana

Tembung
Dwiwasana yaiku tembung kang dumadine sarana karangkep wandha kang wekasan
(mburi). Tuladha :
Cenges – cengesnges – cengenges
: Dadi murid aja cengengesan karo gurune.
Cekik – cekikkik – cekikik
: bocah iku guyune cekikikan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar