Geguritan kuwi istilah ana
ing basa jawa yen ing bahasa Indonesia diarani puisi. Geguritan yaiku syair / tembang kang tanpa nganggo
paugeran/pathokan tartamtu. Mulane kabeh wong bisa gampang ngarang geguritan, amarga
ora nganggo aturan kaya dene Tembang macapat.
Nalika maca sawijining
geguritan kudu merhatikake pirang-pirang perkara ingkang wigati ing antarane
yaiku:
1. Wirama (irama/lagu/intonasi)
Irama kudu digatekake nalika
maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lan sapanunggalane.
Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora (banter), beda nalika maca geguritan sing surasane ngemu
kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.
2. Wirasa (rasaning swasana ati)
Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe.
Nuli anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku
susah, seneng, wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane.
3. Wiraga (obahing awak)
Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake
peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo
isining geguritan nanging aja banget-banget.
4. Wicara (pocapan)
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung.
Tuladha Geguritan:
TANGGAP ING SASMITA
APA JIWAMU WIS
KOKGEGULANG
BISA NAMPA SAKEHING
PIWULANG
BISA NANGGAPI KANG
ARAN PEPEDHANG
NGRASA LANN NGRASUK SASMITA-SASMITA SAKA KANANE
KANG RUMAMYANG ANARAWANG KEHKEHANE
APA RAGAMU WES KOKPESU
TLESIH MANDHIRI SAKEHING NEPSU
PRAYATA TATAG TANGGON ORA PINULAS ING SEMU
CEGAH DHAHAR
ISIH KEPARA AKEH SING TAKON DINA IKI APA MANGAN
JER NOMER SIJI RAK KUDU SETORAN
NANGING KAWILUJENGAN
MUGA-MUGA PADHA NGRETI PARA JURAGAN
ORA MUNG WATON BISA ONJO
ORA MUNG WATON OSO...
Katrangan
Tanggap
|
= ngreti
|
Sasmita
|
= tandha peparinge gusti
|
Kokgegulang
|
= kokkulinakake
|
Ngrasuk
|
= nglebokake
|
Rumamyang anerawang
|
= ramyang-ramyang ora cetha
|
Kokpesu
|
= kokkulinakake
|
Tlesih
|
= ora owah
|
Tanggon
|
= ora owah
|
Pinulas
|
= kasar
|
Oso
|
= kasar
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar