Pamilahe basa
jawa manut unggah-ungguhe kuwi wonten 2 (kalih):
a.
Basa ngoko
Basa
ngoko kuwi basa ingkang dipun gunakake marang:
- Bocah padha bocah/ sakpantaran. Tuladhane marang konco sakelas.
- Wong cecaturan / omong-omongan antarane wong kang wis raket anggenipun kekancan. Tuladane marang kanca dolanan senajan wonge luwih tuwa amarga kerep ketemu lan wus raket saged gunakake basa ngoko.
- Wong ingkang luwih tuwa marang wong enom. Tuladhane Pak Guru marang murid.
Basa
ngoko menawi dipungunakake marang wong kang luwih tuwa bisa dadekake dianggep
mboten sopan.
Tuladha:
·
Kowe aja mangan dhisik.
·
Dik, aja ngomong terus nek diulang!
·
Rotine ape tak pangan.
b.
Basa krama
Basa
krama kuwi basa ing luwih alus lan ngajeni marang wong kang diajak cecaturan.
Basa krama biasanipun digunakake:
1.
Wong enom marang wong ingkang luwih
tuwa.
2.
Murid marang guru/ anaka marang wong
tuwa.
3.
Wongkang dipun tuwakake amarga
jabatan utawa kedudukane. Tuladhane perangkat desa marang petinggine senajan petinggine
luwih enom katimbang perangkat. Guru marang kepala sekolah senajan gurune ana
kang luwih tuwa tetep gunakake basa krama.
Tuladhane:
BASA NGOKO
|
BASA KRAMA
|
1.
Bapak lunga neng solo dina Rabu.
2.
Pak Diki lagi mulang kelas lima
3.
Bu Enjel tuku bakso.
|
1.
Rama tindak dhateng Solo dinten
Rabu.
2.
Pak Diki nembe mucal kelas gangsal
3.
Bu Enjel mundhut bakso
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar