Minggu, 25 Januari 2015

TEMBUNG LINGGA LAN TEMBUNG ANDHAHAN



A.   Tembung Lingga
Tembung lingga yaiku tembung (kata) kang durung owah saka asale (kata dasar), utawa kang durung entuk ater-ater (tambahan di awal kata), seselan (tambahan ditengah kata) , apadene panambang (tamabhan di akhir kata).
Tuladha :
  • Tuku               = Rizal tuku bakwan neng gone bu Fatimeh.
  • Tulis               = Karim tuku buku tulis
  • Pacul              = Arifin tuku pacul neng Bugel
  • Batik               = Pak guru nggawa klambi batik
  • Gambar          = Sugiyanti nangis njaluk buku gambar.

B.   Tembung Andhahan
Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale, amarga wis entuk ater-ater (tambahan di awal kata), seselan (tambahan ditengah kata) lan panambang (tamabhan di akhir kata).
Tuladha :
TEMBUNG LINGGA
TEMBUNG ANDHAHAN
1
2
3
Tuku
Nuku
Dituku 
Ditukokake
Tulis
Nulis
Ditulis
Ditulisake
Pacul
Macul
Dipacul
Dipaculake
Batik
Mbatik
Dibatik
Dibatikake
Gambar
Nggambar
Digambar
Digambarake

1 komentar: